Senin, 06 Desember 2010

Ulangan

Wah ora krasa saiki wis ulangan semester siji
Ora krasa sing pelajaran wis nem sasi
Kamangka lekase wulan Juli
Lan blog iki lali ora tak tiliki
Kanggo sing liwat kene mestine padha ngrasani
Iki blog apa kok tanpa isi
Ya piye maneh jaragan sing nandangi wong siji
Ning aku ya ora isin yen ana sing ngarani piye-piye blog iki
Malah marem nyang ati
Ateges ana sing gelem ngandani
Yen blog iki kurang diopeni
Ning aku ya ora wani janji
Ora kaya bengi iki
Aku rada longgar ning ya arep kumpulan arisan tangga mburi
Arisan rutin pendhak sasi
Kudu di enyangi
Kuwi tetanggan sing wigati
Waduh wis punjul jam wolu bengi
Blog iki kudu tak lereni
Nulise ditutugake mengko bengi
Ning yen ora lali
Hi hi hi ....
Aja diseneni
Ora ora janji
Nanging aku ya usaha nguri-uri
Blog sdku sing siji iki ....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar