Selasa, 28 Desember 2010

Ruwet

Yen atine ruwet
Pikire samrawut matane bruwet
Yen wis ngono sirahe njur mumet
Kabeh mau ora marake slamet
Aja lali lan kapusan obor saka upet
Dewekne muruf ning mung byar pet
Landesana gujengan nyata kanthi ruket
Agama sing marake slamet
Dirasakake lan diematke ben pikire ora ruwet
Yen ra percaya takone suket
Apa ule sing krugat kruget
Dewekne ora tahu sambet ngelu mumet
Marga ora kemrungsung mung mingsat mingset
Yen kowe nekat ngoyak donya bakale malah macet
Drajat pangkat ora marake slamet
Kabeh ana atine duwe kang kenceng lan mampet
Supaya pikiran ora lelet
Turuna swara ati kang anget
Sing ora tahu goroh marga ngoyak sega liwet
Marga taline pancen rapet
Tali keimanan sing ora dipamerkan ana supermaket
Manggona ana ing ati kang keset
Diruket
Ayo nyaket
Pranatan sing wis diiket
SIng marake wilujeng lan slamet

Tidak ada komentar:

Posting Komentar