Yen atine ruwet
Pikire samrawut matane bruwet
Yen wis ngono sirahe njur mumet
Kabeh mau ora marake slamet
Aja lali lan kapusan obor saka upet
Dewekne muruf ning mung byar pet
Landesana gujengan nyata kanthi ruket
Agama sing marake slamet
Dirasakake lan diematke ben pikire ora ruwet
Yen ra percaya takone suket
Apa ule sing krugat kruget
Dewekne ora tahu sambet ngelu mumet
Marga ora kemrungsung mung mingsat mingset
Yen kowe nekat ngoyak donya bakale malah macet
Drajat pangkat ora marake slamet
Kabeh ana atine duwe kang kenceng lan mampet
Supaya pikiran ora lelet
Turuna swara ati kang anget
Sing ora tahu goroh marga ngoyak sega liwet
Marga taline pancen rapet
Tali keimanan sing ora dipamerkan ana supermaket
Manggona ana ing ati kang keset
Diruket
Ayo nyaket
Pranatan sing wis diiket
SIng marake wilujeng lan slamet
Selasa, 28 Desember 2010
Sabtu, 18 Desember 2010
Dibathin wae
Aja nyepelekake tumindak sing dikantheni niat ikhlas. Ikhlas mono sawijing tumindak sing banget gedhe gunane kanggo sing nindhakake. Ikhlas manggane ana ati, mula ya gumantung atine. Yen atine resik ya bakal tukhul ikhlas sing resik, kosok baline yen atine peteng, ya ikhlase bica melu bureng.
Senin, 06 Desember 2010
Ulangan
Wah ora krasa saiki wis ulangan semester siji
Ora krasa sing pelajaran wis nem sasi
Kamangka lekase wulan Juli
Lan blog iki lali ora tak tiliki
Kanggo sing liwat kene mestine padha ngrasani
Iki blog apa kok tanpa isi
Ya piye maneh jaragan sing nandangi wong siji
Ning aku ya ora isin yen ana sing ngarani piye-piye blog iki
Malah marem nyang ati
Ateges ana sing gelem ngandani
Yen blog iki kurang diopeni
Ning aku ya ora wani janji
Ora kaya bengi iki
Aku rada longgar ning ya arep kumpulan arisan tangga mburi
Arisan rutin pendhak sasi
Kudu di enyangi
Kuwi tetanggan sing wigati
Waduh wis punjul jam wolu bengi
Blog iki kudu tak lereni
Nulise ditutugake mengko bengi
Ning yen ora lali
Hi hi hi ....
Aja diseneni
Ora ora janji
Nanging aku ya usaha nguri-uri
Blog sdku sing siji iki ....
Ora krasa sing pelajaran wis nem sasi
Kamangka lekase wulan Juli
Lan blog iki lali ora tak tiliki
Kanggo sing liwat kene mestine padha ngrasani
Iki blog apa kok tanpa isi
Ya piye maneh jaragan sing nandangi wong siji
Ning aku ya ora isin yen ana sing ngarani piye-piye blog iki
Malah marem nyang ati
Ateges ana sing gelem ngandani
Yen blog iki kurang diopeni
Ning aku ya ora wani janji
Ora kaya bengi iki
Aku rada longgar ning ya arep kumpulan arisan tangga mburi
Arisan rutin pendhak sasi
Kudu di enyangi
Kuwi tetanggan sing wigati
Waduh wis punjul jam wolu bengi
Blog iki kudu tak lereni
Nulise ditutugake mengko bengi
Ning yen ora lali
Hi hi hi ....
Aja diseneni
Ora ora janji
Nanging aku ya usaha nguri-uri
Blog sdku sing siji iki ....
Langganan:
Postingan (Atom)